Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Soal Ulangan Harian Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 1 lengkap Kunci Jawaban

Sekodas.com - Berikut kami sampaikan contoh soal ulangan harian mapel Bahasa Jawa bagi kelas 6 SD semester 1 (ganjil) yang dilengkapi kunci jawaban. Contoh soal ini kami rangkum dari berbagai sumber buku yang beredar.

soal ulangan bahasa jawa kelas 6 semester 1

Selain contoh soal ulangan Bahasa Jawa kelas 6 semester 1, pada blog ini juga ada contoh-contoh soal mata pelajaran lainnya. Bukan hanya soal saja dan kunci jawaban saja bahkan cara, tips and trik, berita tentang pendidikan juga ada silahkan cari dalam pencarian blog ini.

Kalian juga bisa download soal dan kunci jawaban ulangan harian bahasa jawa kelas 6 semester 1 ini pada link di akhir postingan ini. Semoga contoh soal-soal bahasa jawa di bawah bisa memberikan wawasan dan semangat belajar adik-adik dalam persiapan ulangan di sekolah.

Soal Ulangan Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 1

Silahkan simak dan pelajari soal-soal bahasa Jawa kelas 6 semester 1 berikut. Sebelum melihat kunci jawaban sebaiknya adik-adik menjawab dengan jawaban sendiri lalu cocokkan dengan kunci jawaban yang ada nanti akan terlihat kemampuan adik-adik dalam menjawab soal Bahasa Jawa ini.

Soal Pilihan Ganda Bahasa Jawa Kelas 6

1. Upacara tedhak siti yaiku upacara kanggo bocah kang umur ....
a. 4 sasi
b. 5 sasi
c. 6 sasi
d. 7 sasi

2. Banyu kang digunakake kanggo ngedusi bocah an dislameti wektu tedhak siti yaiku ....
a. banyu sumur
b. banyu kembang
c. banyu kali
d. banyu bening

3. Sawise diedusi lan disalini nganggo klambi anyar wektu acara tedhak siti bocah mau banjur ....
a. dikurung
b. midak jadah
c. ditetah
d. menek tebu

4. Nyebar beras kuning karo dhuwit iku diarani ....
a. nyebar beras
b. playon
c. sedekah
d. udhik-udhik

5. Umur pitung sasi bocah iku wayahe dikapakne ....
a. dikurung
b. midak jadah
c. ditetah
d. menek tebu

Wacanen kanthi permati!

Ing antarane bapak-bapak sing lenggah mau, ana piyayi sing lenggah ing pojok adoh karo lawang omah iku. Priyayi iku rada sepuh ngagem kupluk, ya priyayi iku sing mimpin donga ing kendurenan. Priyayi iku mau lumrah disebut kaum. Lumrahe kaum iku wasisi ing bab ilmu agama.

Kaum mau wiwiti donga sawise rombongan kendurenan dianggep wis kumpul kabeh. Sadurunge donga, kaum ngandharake tujuan dianakake kendurenan. Maksude ora liya nyuwun keslametan, kerukunan tumrap warga lan keluwargane sing padha ngumpul.

Donga rampung, tutup-tutup ambeng dibukak. Kanthi mardika warga kumpul padha ngedhapi ambeng sing ana ngarepe. Bisa milih ambenge tangane. Rampung ngedhapi ambenge sing cedhak karo lenggahe banjur padha kondur.

6. Kendurenan iku slametan sing lumrahe tujuane ...
a. nyenyuwun keslametan marang gusti Allah
b. ketemu karo tangga teparo
c. ngedohne paseduluran
d. ngetokake sugihe

7. Sing mimpin donga nalika kendurenan iku lumrah disebut ....
a. kaum
b. naib
c. carik
d. modin

8. Kang ora disuwun dening warga nalika kendurenan yaiku ....
a. keslametan
b. lancare rejeki
c. kabagaswarasan
d. kacilakan

9. Sawise didongani, ambeng padha dikedhapi, iku tandha pribadine warga kang ....
a. guyup
b. grapyak
c. andhap asor
d. prigel

10. Meh saben wulan, ing salah sawijining papan ing tanah Jawa Tengah nganakake kenduren, iku tandha yen warga isih nguri-uri bab ....
a. tata krama
b. tata susila
c. budaya
d. upacara

11. Upacara ruwatan tujuane kanggo ....
a. golek dana
b. narik wisatawan
c. seneng-seneng
d. nyuwun keslametan

12. Wong nandhang sukerta yaiku wong ....
a. tansah mulya uripe
b. tansah sial / katula-tula uripe
c. kang sugeh bandha
d. kurang waras pikire

13. Sesaji woh-wohan kang dianggo upacara ing Umbul Tirta Mulya yaiku ....
a. gedhang mas, woh naga lan apel
b. apel ijo, gedhang mas, lan woh naga
c. woh naga, gedhang ijo, lan pelem gadung
d. pelem, gedhang kepok, lan jeruk nipis

14. Upacara ruwatan Ageng Tutup Sura dipandhegani dening Bu Dewi.

Tembung dipandhegani tegese ....
a. dipimpin
b. ditekani
c. diragati
d. dikancani

15. Tari Bedhaya kang digelar ing ruwatan kasebut yaiku ....
a. Bedhaya katawang arum
b. Bedhaya dewi arum
c. Bedhaya dewi mega awan
d. Bedhaya srimpi

16. Sawise alesane nganakake Ruwatan Ageng Tutup Sura amarga ....
a. tumindak para manungsa sing saya suwe tambah murka
b. jejege tatanan ndonya perlu disyukuri
c. syukur panenan among tani tansah mundhak becik
d. Gusti marang coba marang para manungsa

17. Manut wacan mau Bu Dewi iku sawijining pawongan ....
a. paranormal
b. putra raja
c. abdi kraton
d. pemangku adat

18. Tembung "Begja-begjane kang lali, isih begja sing eling lan waspada", karepe ....
a. wong lali karo wong begja
b. sing lali malah begja
c. wong eling oleh begja
d. wong waspada ora eling

19. Kang disebut umbul yaiku ....
a. sumber banyu bening
b. sumber banyu panas
c. usmber banyu asin
d. sumber banyu kali

20. Irah-irahe wacan "Ngendheg Kamurkaan, Ngudi Kemakmuran"' tembung ngudi tegese ....
a. golek
b. ninggal
c. milih
d. nyilih

Soal Isian Bahasa Jawa Kelas 6

Wacanen batin!

Upacara Adat Rayakan Ancak

Upacara Rayakan Ancak utawi Larung Sesaji ing Desa Moro, Kecamatan Bonang, Kabupaten Demak sampun kalampahan wiwit jaman kina ingkang dipunwontenaken saben surya kaping 5 Syawal ing saben warsanipun. Adicara punika nggadahi ancas, wujud syukur saha nyuwun keslametan dhateng Gusti Allah, mliginipun para pamiarsa mina utawi para nelayan.

Sampun dados kapitadosan, bilih upacara rayakan utawi rebutan ancak punika samangke badhe mbekta berkah dhumateng umat manungsa mliginipun para pamiarsa mina. Kanthi kapitadisan ingkang mekaten, prasasat upacara punika boten nate dipuntilaraken. Upacara kasebut saben taunipun mesthi dipunwonteni kanthi slametan tuwin labuhan. Wondene ingkang damel sesaji utawi sajen adat endhas kebo lan ubarampe sanesipun.

Anggenipun ngawontenaken persiapan kangge nyengkuyung adicara kasebut, adat saben pinten-pinten dinten saderengipun. Malah dipundhapuk panitia, kanthi rapat utawi pirembagan. Ancas tujuanipun supados samangke ing tumpuking damel, sedaya saged kelampahan kanthi gangsar lancar boten wonten rubeda punapa-punapa.

1. Upacara Larung sesaji ing Desa Moro, Kecamatan Bonang, Kabupaten Demak arane ....

2. Upacara Larung sesaji iku dianakake saben ....

3. Tujuwane adicara Rayakan Nacak yaiku ....

4. Isine baku paragraf kaping pindho yaiku ....

5. Adat sajen kang dienggo upacara yaiku ....

6. Sakdurunge upacara kasebut digawe .....

7. Tujuwane digawe panitia yaiku .....

8. Tembung gangsar iku tegese ....

9. Tembung rubeda tegese ....

10. Tembung pamirasa mina tegese ....

Soal Uraian Bahasa Jawa Kelas 6

Wacanen kanthi permati!

Tembung sadranan, asale saka tembung sodrun, tegese ati utawa eling. Ing kene dikarepake kanthi anane sadranan diajab supaya wong-wong ing kono padha eling menawa mbesuke uga bakal ngalami mati. Mula sing padha nyadran nyekar ing pasareane, ndongake marang arwah kang sumare ana ing kono.

Sadranan iku padha dilaksanake ing wulan ruwah. Tembung ruwah asale saka tembung arwah tegese ruh. Mula pancen ya wis jumbuh karo arane sasi, manawa wulan ruwah sing dipilih dening wong-wong kang padha nganakake sadranan, minangka wulan sing padha dienggo nyekar tilik kuburane, ngirim donga ing makame arwah sing wis kondur ing ngayuning Gusti Allah.

1. Apa tegese tembung sodrun?

2. Apa sing dikarepake kanthi anane sadranan?

3. Apa sing ditindakake wong-wong sing padha nyekar ing pasarean?

4. Kapan olehe ngleksanakake tradhisi sadranan?

5. Tulisen pokok-pokok isi wacan ing dhuwur!

Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 1

Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 1 di atas untuk kunci jawabannya bisa dilihat di bawah ini.

I. Pilihan Ganda

  1. D
  2. B
  3. B
  4. D
  5. C
  6. A
  7. D
  8. D
  9. A
  10. C
  11. D
  12. B
  13. B
  14. A
  15. C
  16. A
  17. D
  18. C
  19. A
  20. A

II. Isian

  1. Rayakan Ancak
  2. 5 syawal
  3. Wujud syukur saha nyuwun keslametan dhateng Gusti Allah
  4. Upacara rayakan ancak utawa rebutan ancak iku bakal nggawa berkah kanggo para manungsa khususe para nelayan
  5. Endhas kebo
  6. Panitia
  7. Acara lancar ora ana alangan apa-apa
  8. Lancar
  9. Alangan
  10. Perasaan kulo

III. Uraian

  1. Ati utawa eling
  2. Supaya wong-wong ing kono padha eling menawa mbesuke uga bakal ngalami mati
  3. Ndongakake marang arwah kang sumare ana ing kono
    Ngirim donga ing makame arwah sing wis kondur ing ngayuning Gusti Allah
  4. Ing wulan ruwah
  5. Sadranan ing kanggo pengeling-eling wong-wong besuke uga bakal mati
    Sadranan iku kanggo ngirim dunga marang arwah kang sumareh
    Sadranan dilaksanake dina ruwah

Anda bisa download soal dan kunci jawaban Ulangan Bahasa Jawa kelas 6 semester 1 di atas pada link berikut ini.

Download Soal Ulangan Bahasa Jawa Kelas 6

Download Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 6

Demikian contoh soal ulangan harian Bahasa Jawa kelas 6 SD semester 1 yang dapat kami bagikan semoga bermanfaat.

Selalu ikuti kami di Google News pada link berikut ini

Sekodas News