Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Soal UTS/PTS Bahasa Jawa Kelas 6 SD/MI Semester 1 dan Kunci Jawaban

Bagi orang jawa, bahasa jawa merupakan bahasa sehari-hari yang selalu digunakan dibandingkan bahasa Indonesia. Untuk itu bahasa Jawa masuk ke mata pelajaran muatan lokal di Jawa. Artinya pelajaran bahasa Jawa hanya ada di Jawa saja yang masih menggunakan bahasa jawa. Untuk itu kami akan membagikan Soal UTS/PTS Bahasa Jawa Kelas 6 SD/MI Semester 1 Kurikulum 2013 dan Kunci Jawaban.

soal uts bahasa jawa kelas 6

Setelah kita mempelajari mata pelajaran Bahasa Jawa kelas enam semester I K13 saatnya kita akan melakukan ulangan tengah semester yang akan dilaksanakan tiap tiap sekolah. Maka dari itu sebelum melaksanakan ulangan ini alangkah baiknya kita belajar yang sungguh sungguh sebagai persiapan diri agar mendapat nilai yang baik serta mendapat nilai di atas KKM sekolah.

Belajar tidak hanya dari buku saja, di era digital seperti saat ini kita dapat mencari contoh contoh soal melalui internet. Nah, agar kita semua dapat belajar dengan baik sebagai persiapan menghadapi ulangan akhir semester kami akan membagikan Soal Mid Semester Bhs Jawa Kelas VI Sekolah Dasar Semester I (Ganjil) Kurikulum 13 dan Kunci Jawaban.

Saat ini anda sudah tepat mengunjungi blog ini, karena blog ini lebih banyak membagikan contoh soal bagi sekolah dasar (SD). Contoh soal yang kami bagikan mulai dari kelas 1 SD hingga kelas 6 SD ada semua. Bukan hanya itu saja blog ini juga menyajikan administrasi yang dibutuhkan bagi seorang guru SD mulai dari RPP 1 lembar yang dipakai saat ini dan silabus juga ada.

Soal UTS/PTS Bahasa Jawa Kelas 6 SD/MI Semester 1 Kurikulum 2013 dan Kunci Jawaban

I. Wenehana tandha (x) ing hurup a, b, c, lan d ing ngarep wangsulan sing paling bener!

GATHOTKACA GUGUR

Perang Baratyuda ing Kurusetra perang gedhe antarane Pandhawa mungsuh Kurawa. Gathotkaca tinuding dadi senopatining perang saka trah Pandhawa. Mungsuhe senopati trah Kurawa kang aran Adipati Karna.

Perange rame banget jalaran pancen padha dene digdaya. Gamane Adipati Karna kang ampuh awujud gaman panah Kuntha Wijayadanu. Gathotkaca negendelake anggone bisa mabur tanpa elar. Saben arep diwelas Gathotkaca banjur mabur luwih dhuwur. Suwe-suwe Adipati Karna panas baget atine. Mula banjur njupuk panahe kang aran panah Kunta Wijaya, banjur dipanahake munggah. Wekasane panah bisa ngenani Gathotkaca nganti palastra.

Miturut carita panah mau bisa nggoleki, mergo kesurung dening rohe Kalabendana, yaiku pamane Gathotkaca kang mbiyen dipateni Gathotkaca.

1. Perange antara Pandhawa mungsuh Kurawa diarani perang ...

a. Paregreg
b. Baratyuda
c. Pamuksa
d. Tanding

2. Senopatining perang saka trah Pandhawa, yaiku ...

a. Gathotkaca
b. Adipati Karna
c. Kalabendana
d. Werkudara

3. Senjatane Adipati Karna, yaiku ...

a. Panah Pasopati
b. Gada Rujakpala
c. Kuntha Wijayadanu
d. Candikala

4. Wekasane panah bisa ngenani Gathotkaca nganti nemahi palastra. Tembung palastra tegese ...

a. mati
b. urip
c. mabur
d. dhuwur

5. Roh sing nyurung panahe Adipati Karna banjur ngenani Gatotkaca, yaiku ...

a. Bisma
b. Kalabendana
c. Duryudana
d. Destarastra

6. Basa krama alus digunakake kanggo ing ngisor iki, kajaba ...

a. Anak buah marang pimpinan
b. Wong sing durung kenal
c. Wong enom marang wong tuwo
d. Wong tuwo marang anak

7. Gambar wayang ing ngisor iki jenenge ...

a. Adipati Karna
b. Raden Gathotkaca
c. Raden Werkudara
d. Raden Janaka

8. Tegese bebasan "esuk tempe sore dhele", yaiku ...

a. wong kang ora iso nyimpen wewadi
b. gampang molah maleh utawa mencla mencle
c. wong tumindak ala sarana wong liya
d. tumindak becik lan ala bakal ketara tembe mburine

9. Anak guneman karo wong tuwo kudu nggunakake basa ...

a. ngoko lugu
b. ngoko alus
c. krama lugu
d. krama alus

10. Becik ketitik ala ketara.

Unen-unen ing dhuwur kalebu jenising ...

a. panyandra
b. bebasan
c. pepindhan
d. paribasan

11. Aksara Jawa ing ngisor unine ...

a. Kardi dicokot ula sawah
b. Kadir dicokot nyamuk
c. Akeh nyamuk ing sawah
d. Kadir tuku obat nyamuk

12. Amarga adem, simbah ngombe teh anget. Kramane tembung ngombe yaiku ...

a. sare
b. dhahar
c. ngunjuk
d. gerah

13. Raden Gathotkaca dadi senopati Pandhawa.

Tembung senopati tegese ...

a. ratu
b. prajurit
c. musuh
d. pimpinan

14. Tegese tembung sinopsis, yaiku ...

a. karangan
b. rangkum
c. ringkes
d. cekak

15. Anak lima lanang kabeh diarani ...

a. Punakawan
b. Kurawa
c. Pandhawa
d. Pandhawi

16. Ing ngisor iki kang kalebu jenising paribasan, yaiku ...

a. esuk dhele sore tempe
b. anak polah bapa kepradah
c. adigang, adigung, adiguna
d. kegedhen empyak kurang cagak

17. Tegese bebasan "nabok nyilih tangan", yaiku ...

a. tumindak ala kanthi kangkanan wong liya
b. duwe kekarepan kang mokal keturutan
c. mentahi rembug kang wes mateng
d. wong kang luput saka bebaya

18. Ana sing crita wayang sedulur sing cacahe satus diarani ...

a. Punakawan
b. Pandhawa
c. Pandhawai
d. Kurawa

19. Anisa katon gandhes ... nalika mentasake tari Remo ing panggung. Tembung sarojo kang bener kanggo ngiseni titik-titik yaiku ...

a. kewes
b. luwes
c. ripah
d. setiti

20. Gathotkaca ngendelake anggone bisa mabur tanpa elar.

Tembung elar tegese ...

a. sikil
b. swiwi
c. driji
d. tangan

21. Tukang gawe barang saka kayu diarani ...

a. kemasan
b. jlagra
c. pandhe
d. undaghi

22. Kang kalebu tembang macapat, yaiku ...

a. pocung, kinanthi, sinom, ilir-ilir
b. pocung, kinanthi, sinom, jaranan
c. pocung, kinanthi, sinom, pangkur
d. pocung, kinanthi, sinom, menthok-menthok

23. Ancik-ancik pucuking eri.

Tegese paribasan ing dhuwur yaiku ...

a. ora nduwe kekuatan maneh
b. tansah duwe rasa kuwatir merga nandhang keluputan
c. wong pinter munsuh padha pintere
d. rebutan barang sing ora mbejaji

24. Pandhawa sing kembar jenenge ...

a. Nakula Werkudara
b. Nakula Sadewa
c. Werkudara Gathotkaca
d. Sadewa Gathotkaca

25. Omahmu ana ing ngendi?

Ukara ing ndhuwur menawa diowahi dadi basa krama alus, yaiku ...

a. Dalemipun panjenengan wonten pundi?
b. Dalemipun sampeyan wonten pundi?
c. Griya sampeyan ning ngendi?
d. Griya panjenengan ana ngendi?

II. Isenono ceceg-ceceg ing ngisor iki nagnggo tembung kang mathuk lan bener!

1. Bacah karo bocah nalika guneman nggunakake basa ...

2. Simbah lagi lara untu. Basa kramane tembung untu yaiku ...

3. Nalika isih bayi jenenge Raden Gathotkaca, yaiku ...

4. Putrane Pandhu Dewananta cacahe lima lanang kabeh diarani ...

5. Aku sekolah numpak pit, dene bapak kerja ... montor.

6. Tradisi tedhak sinten iku kanggo bocah umur ...

7. Abang mbranang tegese ...

8. "Simbah ora lunga amarga lara"

Yen dibasa kramakne dadi ...

9. Kang nglakokake wayang diarani ...

10. Kang duweni sebutan Alap-alap Pringgondani, yaiku ...

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep lan bener!

1. Sebutna jenenge Pandhawa!

2. Sapa kang dadi senopati Pandhawa lan Kurawa ing perang Baratayuda?

3. Apa sing diarani paribasan?

4. Apa tegese bebasan "diwenenhi ati ngrogoh rempela."?

5. Tulisen nganggo aksara Jawa "tuku sepeda gunung"!

Untuk kunci jawaban soal diatas dapat anda klik tautan di bawah ini :

Selalu ikuti kami di Google News pada link berikut ini

Sekodas News