Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Soal UTS/PTS Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 1 Kurikulum 2013

Salah mata pelajaran yang masuk ke dalam mulok (muatan lokal) adalah bahasa daerah, komputer, bahasa Inggris. Akan tetapi pada kesempatan kali ini kami akan bagikan contoh Soal dan Kunci Jawaban UTS / PTS Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 1 Kurikulum 2013.

soal bahasa jawa kelas 2

Bagi orang Jawa pasti tidak asing lagi dengan bahasa Jawa. Bahasa yang digunakan dalam sehari-hari ini kita sudah mengenalnya sejak kecil. Bukan hanya bahasa saja yang dipelajari dalam mata pelajaran Bahasa Jawa ini namun kita juga akan diajari mengenal aksara Jawa.

Sebagai bentuk persiapan dalam menghadapi Ulangan / Penilaian Tengah Semester (UTS/PTS) sebagai murid wajib belajar dengan sungguh-sungguh agar mendapatkan nilai yang diinginkan. Untuk belajar kami menyiapkan contoh Soal dan Kunci Jawaban UTS / PTS Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 1 Kurikulum 2013 untuk dipelajari sebagai persiapan.

Pada contoh soal Mid Semester Bhs Jawa kelas V (lima) Sekolah Dasar Kurikulum 13 semester I (satu/Ganjil) ini juga saya berikan kunci jawabannya. Untuk kunci jawabannya dapat anda download pada akhir postingan ini. Anda tinggal ikuti saja link yang saya berikan di bawah postingan ini.

Berikut contoh Soal UTS / PTS Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 1 Kurikulum 2013 :

Contoh Soal UTS/PTS Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 1 K13

I. Wenehana tandha ping (x) ana aksara a, b, c, utawa d ing sangarepe wangsulan kang bener!

Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli nomer 1-2!

Mangga kula lan panjenengan
manjatake puji syukur marang Gusti
Allah Ingkang Maha Kuwaous, inggih
awit isih wiasanipun kita pinarang
kenikmatan, satemah saged kempal ing
pahargyan Perpisahan Siswa Kelas VI
tamatan warsa 2019/2020 ing SD
Permata kanthi widada nir ing sambikala.

1. Tema pidhato ing ndhuwur yaiku ....

a. pengetan
b. perpisahan
c. kagiyatan
d. diskusi

2. Nitik saka ukarane, pethikan wacan ing ndhuwur kelebu perange ... sesorah.

a. salam
b. purwaka
c. isi
d. penutup

3. Pidhato uga diarani ....

a. pawarta
b. sesorah
c. gladen
d. hiburan

4. Pidhato kanggo acara ing sekolahan sing trep, kajaba ....

a. ujian sekolah
b. HUT RI
c. wulan basa
d. perpisahan

5. Cekap semanten mbok bilih wonten klentunipun kula aturaken agunging pangaksami.
Ukara ing ndhuwur kalebu ing pokok pidhato kang diarani ....

a. dudutan
b. pengarep - arep
c. wasana
d. purwaka

6. Methode kang bisa digunakake kanggo pidhato ing ngisor iki, kajaba ....

a. methode naskah
b. methode impromptu
c. methode apalan
d. methode transparan

7. Pidhato kanggo ngarahake sawijine kegiyatan diarani jenis pidhato ....

a. pertanggungjawaban
b. pengarahan
c. sambutan
d. peresmian

8. Bab-bab kang ora perlu digatekake sakdurunge gawe naskah pidhato yaiku ....

a. nemtokake tema
b. nemtokake ancas utawa tujuan
c. nggawe klompok
d. gawe cengkorongan pidhato

9. Pak Ali saiki wis mukti wibawa uripe.
Tegese mukti wibawa yaiku ....

a. sipat becik
b. sipat gresula
c. sipat serik
d. sipat elek

10. Tembung saroja uga diarani tembung ....

a. antonim
b. sinonim
c. paribasan
d. bebasan

11. Raden Werkudara iku satriya kang gagah ....
Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut, yaiku ....

a. kuat
b. dhuwur
c. prakosa
d. santosa

12. Para warga nganakake ... mbangun jembatan.
Tembung saroja kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut, yaiku ....

a. mudha taruna
b. solah bawa
c. bot repot
d. gugur gunung

Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli nomer 13 – 17!

Pandhawa Lima

Pandhawa iku cacahe ana lima,
mula diarani Pandhawa Lima.
Puntadewa iku putra pambayun
Pandhawa, sing nomor loro Werkudara,
Raden Janaka panengahe pandhawa,
dene sing ragil yaiku Nakula lan Sadewa.
Raden Puntadewa duwe garwa jenenge
Drupadi. Pandhawa lima iku duwe
musuh bebuyutan yaiku kurawa sing
cacahe ana satus. Pandhawa lan kurawa
perang ngrebutakake negara Astina
mula kuwi diarani perang Bharatayuda.

13. Pandhawa iku cacahe ana ....

a. loro
b. telu
c. papat
d. lima

14. Puntadewa kagungan garwa sing asmane ....

a. Dewi Drupadi
b. Dewi Arimbi
c. Dewi Srikandi
d. Dewi Subadra

15. Putra pambayun Pandhawa yaiku ....

a. Arjuna
b. Werkudara
c. Puntadewa
d. Nakula

16. Ing ngisor iki asmane Pandhawa, kajaba ....

a. Gathutkaca
b. Puntadewa
c. Werkudara
d. Arjuna

17. Perang Baratayudha iku ngrebutake negara ....

a. Wiratha
b. Astina
c. Amarta
d. Pringgodani

18. Raden Arjuna kagungan pusaka panah jenenge ....

a. Gada Rujak Pala
b. Pring Kuning
c. Panah Pasopati
d. Gada Wesi Kuning

19. Gatekno gambar ing ngisor, sapa arane ....

a. Arjuna
b. Puntadewa
c. Werkudara
d. Nakula

20. Abrit, dadu, lan rekta dasanamane werna ....

a. kuning
b. ijo
c. abang
d. putih

21. Simbah lagi sare.
Ukara kasebut gunakake ukara ....

a. krama alus
b. krama lugu
c. ngoko lugu
d. ngoko alus

22. Manuk emprit, menclok godong tebu. Dadi murid, seng sregep ....

a. ngguyu
b. mlaku
c. turu
d. sinau

23. Karo wong tua gunakake basa ....

a. ngoko
b. lugu
c. kasar
d. krama alus

24. Putri ditimbali pak guru.
Ukara ditimbali ngoko lugune, yaiku ....

a. diceluk
b. diutus
c. diaturi
d. didawuhi

25. Jenise unggah-ungguh basa kang digunakake kanggo nulis ringkasan kaperang dadi loro, yaiku ....

a. ngoko lan krama
b. ngoko lan krama alus
c. krama alus lan krama inggil
d. ngoko alus lan ngoko lugu

26. Bapak ngombe kopi lan mangan roti.
Tembung ngombe lan mangan basa krama inggile, yaiku ....

a. ngunjuk, maem
b. ngunjuk, dhahar
c. ngombe, nedha
d. ngombe, nedhi

27. Ana ing warung, aku tuku cendhol dene ibu ... wos.

a. mundhut
b. entuk
c. golek
d. tumbas

28. Perang kang nglibatke Pandhawa lan Kurawa, yaiku ....

a. Perang Bharatayuda
b. Perang Bubat
c. Perang Alengka
d. Perang Duruwiksa

29. Satriya Pandhawa kang kondhang ngganthenge, prigel, lan trampil manah yaiku ....

a. Puntadewa
b. Werkudara
c. Arjuna
d. Sadewa

30. Raden Gathotkaca iku satriya kang pideksa.
Tegese pideksa, yaiku ....

a. ngedhap - ngedhapi
b. cilik banget
c. gedhe dhuwur
d. prigel

31. Aksara jawa ing ngisor iki unine ...

a. ana khadal
b. ana jaran
c. anak khadal
d. anak gajah

32. Tembung ing ngisor iki sing ora klebu dasanamane banyu, yaiku ....

a. her
b. tirta
c. warih
d. piyu

33. “Mangga Pak pinarak rumiyin!”
Pinarak kuwi tembung krama alus saka ....

a. tindak
b. lungguh
c. menyang
d. kondur

34. Crita Pandhawa diangkat saka epos ....

a. Ramayana
b. Mahabarata
c. Arjunasastra
d. Mangkunegara

35. Aja seneng colong jupuk, mudhak diarani ....

a. dawa sikile
b. dawa rambute
c. dawa tangane
d. dawa pasuryane

II. Isenana ceceg – ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!

36. Sadurunge gawe naskah pidhato kudu nemtokake ....

37. Sakabehe bab sing diandharake marang para tamu iku pidhato ing bagian ....

38. Tembung loro utawa luwih kang nduweni teges padha utawa meh padha lan dienggo bebarengan kanggo mbangetake surasane, yaiku ....

39. Tembung guyub tegese ....

40. Wong kang nglakokake wayang diarani ....

41. Biyung, umi, indhung iku klebu dasanamane ....

42. Nakula lan Sadewa iku putrane Prabu Pandhu lan ....

43. Satriya kang perang tanding karo Raden Janaka, yaiku ....

44. Werkudara satriya ing negara ....

45. Bapak lagi dhahar sega goreng.
Ukara kasebut kalebu jenise basa ....

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!

46. Sebutna peranganing pidhato?

47. Apa wae kang kasebut ana ing purwaka!

48. Sebutna Pandhawa lima kanthi urut saka pambarep!

49. Apa dasanamane srengenge?

50. Owahana ukara “Ibu lunga nang pasar wes rong dina.” iki dadi krama alus!

Kunci jawaban soal bahsa jawa diatas dapat anda download pada link berikut ini :

Selalu ikuti kami di Google News pada link berikut ini

Sekodas News