Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Soal PAT / UKK Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 2 K13

Berikut kami sampaikan contoh Soal UKK / PAT Bahasa Jawa Kelas 5 SD untuk Semester 2 pada Kurikulum 2013 beserta Kunci Jawaban Tahun 2021/2022. Contoh soal ini dapat dijadikan referensi belajar adik-adik sebelum melaksanakan ulangan kenaikan kelas yang sesungguhnya.

soal ukk bahasa jawa kelas 5

Contoh soal UKK Bahasa Jawa Kelas 5 ini juga bisa anda download pada link di akhir postingan ini. File yang kami berikan berupa .doc atau .docx sehingga sangat mudah dibuka pada smartphone android, laptop dan komputer anda yang sudah terinstal Microsoft Word.

Contoh soal latihan PAT / UKK Bahasa Jawa untuk Kelas 5 SD Semester 2 Kurikulum 2013 dapat anda pelajari dan anda baca-baca di bawah ini. Untuk kunci jawaban juga sudah ada di bawah soal Boso Jowo berikut ini.

Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 2 Beserta Kunci Jawaban

Adapun bentuk soal bahasa Jawa ini yaitu 25 soal dalam bentuk pilihan ganda, 10 soal essay / isian, dan 5 soal uraian.

I. Pilihan Ganda

Wenehana tandha (x) ing aksara a, b, c, utawa d kanggo nandhani wangsulan kang trep!

1. Cacahing tembang macapat ana .....

a. 9
b. 10
c. 11
d. 12

2. Paugeran tembang macapat kang sinebut guru lagu yaiku ....

a. cacahing baris saben sapada tembang
b. cacahing wanda ing saben sagatra
c. tibaning swara ing pungkasaning gatra
d. tibaning tembung ing sak mburine gatra

3. Wacanen kang permati!

Pangkur

Sekar pangkur kang winarno
Lelabuhan kang kanggo wong urip
Ala lan becik punika
Prayoga kawruhana
Adat waton puniku dipun kadalu
Miwah engkang tata krama dan kaesthi siyang ratri

guru wilangan lan guru gatra kapapat tembang Pangkur ing ndhuwur yaiku ....

a. 7a
b. 7i
c. 8a
d. 8i

4. Tegese ukara "prayoga kawruhana" ana ing tembang Pangkur yaiku ...

a. ora kabeh apik
b. urip kudu narimo
c. kabeh kudu rukun
d. becike kudu weruh

5. Murid iku kudu manut marang guru.

Ukara ing ndhuwur digawe basa krama yaiku ....

a. Murid niku kedah nurut dhateng guru.
b. Murid menika kedah manut dhateng guru
c. Murid niku kedah mituhu dhateng guru
d. Murid menika kedah mituhu dhateng guru

6. Geguritan iku kalebu susastran kang nganggo tetembungan ....

a. ringkes nanging mentes
b. endah lan ngrembaka
c. gampang dimangerteni
d. lugas apa anane

7. Wacanen kang permati!

Saben sore iku kudu,
Ndhisiake padha sinau,
Perlune yen sesuk mlebu,
Ajaran kabeh klebu.

Kang kudu ditindakake dhisik nalika sore yaiku ....

a. mangan
b. mlebu
c. Sinau
d. ajaran

Wacanen kang permati kanggo mangsuli pitakon nomer 8 - 9!

Timun Mas

Ana mbok Randha sing urip dhewe ora ana anak utawa sedulur. Saben dina Mbok Randha ndonga ing ngarsane Gusti Allah supaya diwenehi anak. Anggone dongokeprungu Buta Ijo sing kebenran liwat sacedhake kana. buto Ijo banjur nyeluk Mbok Randha supaya metu saka omahe. Buto Ijo ngomong menawa bisa nulungi menehi anak. SAbanjure Buto Ijo iku menehi wiji timun sing kudu ditandur Mbok Randha.

8. Dongane Mbok Randha ing ngarsane Gusti Allah supaya ...

a. bagas waras
b. sugih bandha
c. diwenehi anak
d. diwenehi ngilmu

9. Buto Ijo nulungi Mbok Randha kanthi menehi ....

a. sedulur
b. tanduran
c. anak
d. wiji timun

10. Titikane crita salah sijine ora keweruhan sapa sing nganggit, kang diarani ....

a. kolektif
b. anonim
c. antonim
d. akronim

11. Mbok Randha urip dhewe ora nduwe anak.

Ukara ing ndhuwur menawa ditulis nganggo basa krama yaiku ....

a. Mbok Randha gesang piyambak mboten kagungan putra.
b. Mbok Randha gesang piyambak mboten gadhah anak.
c. Mbok Randha gesang dewe mboten kagungan putra.
d. Mbok Randha urip piyambak mboten kagungan putra.

12. Tegese tembung "ngayahi jejibahan" yaiku ngayahi ....

a. pegawean
b. kewajiban
c. karukunan
d. klangenan

13. Paraga ana ing crita kang dadi lakon diarani ....

a. antagonis
b. protagonis
c. intragonis
d. tritagonis

14. Wacanen kang permati!

Para putra Wirata yaiku Raden Utara, Raden Wratsangka, lan Raden Arya Seta sing dadi senapatine Pandhawa padha gugur dadi kusumane bangsa. Katelune gugur ing perang Baratayuda nalika mungsuh Resi Bisma. Mulane kulawarga Pandhawa banjur rundhingan nemtoake sapa sing bakal madeg senapati. Prabu Matswapati kuwi ratu ing nagara Wirata sing ngrewangi Pandhawa amarga kepotangan budi marang para Pandhawa sing mbiyen nylametake negara Wirata.

Prabu Matswapati ngrewangi Pandhawa ana perang Baratayuda amarga ...

a. mungsuh Resi Bisma
b. kepotangan budi
c. Raden Utara gugur
d. kadhang Pandhawa

15. Prabu Kresna disuwuni pamrayoga, sing bisa ditandhingake karo senapitine Kurawa.

Tembung " pamrayoga" tegese ....

a. rembugan
b. pambiantu
c. penemu
d. pertikel

16. Anggone madeg senapati ana perang Baratayuda, Srikandi mungsuh ....

a. Resi Bisma
b. Raden Arjuna
c. Prabu Matswapati
d. Prabu Duryudana

17. Raden Arjuna menehake bantal saka remukan sanjata marang Resi Bisma.

Ukara ing ndhuwur menawa migunakake basa krama yaiku ...

a. Raden Arjuna nyaosaken bantal saking remukan sanjata marang Resi Bisma.
b. Raden Arjuna maringake bantal saking remukan sanjata dhumateng Resi Bisma.
c. Raden Arjuna menehake bantal saking remukan sanjata dhumateng Resi Bisma.
d. Raden Arjuna nyaosaken bantal saking remukan sanjata dhumateng Resi Bisma.

18. Wacanen kang permati!

Dewi Srikandhi kudu tandhing karo Resi Bisma. Dheweke ngeculake jemparinge marang Resi Bisma, nanging amarga kasektene Sang Resi, ora ana siji-sijine panah sing kena. Dewi Srikandhi ora gigrig.

Watake Dewi Srikandhi miturut crita ing ndhuwur yaiku .....

a. seneng pamer
b. keder lan minder
c. ngedap-edapi
d. kendel ora nyerah

19. Dewi Srikandhi ora gigrig.

Tembung "gigrig" tegese ....

a. wedi
b. mangkat
c. kuat
d. sambat

20. 

ing sisih kiwa iki pasangan saka aksara ...


a. ha
b. na
c. sa
d. la

21. "Dandan" menawa ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ...

a. 

b. 
c. 
d. 

22. Pasangan aksara jawa kang dianggo ing saburine aksara kang kasigeg yaiku ...

a. pasangan "ta"
b. pasangan "la"
c. pasangan "da"
d. pasangan "ha"

23. Tembung jawa kang nggunakake pasangan "ta" yaiku ....

a. 

b. 
c. 
d. 
24. 
ukara ing ndhuwur migunakake sandhangan ....

a. dha
b. nya
c. tha
d. nga

25. 

Ukara ing ndhuwur diwaca ....

a. Herlambang pinter
b. Herlambang banter
c. Herlambang santer
d. Herlambang barter

II. Essay

Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep!

26. Salah sawijining tembang macapat yaiku Pangkur kang nduweni watak ...............

27. Kang diarani guru wilangan ana ing tembang Pangkur yaiku ...............

28. Wacanen kang permati!

Sawise sinau maca,
Nuli etung sawetara,
Anglantipake apalannya.

Tegese "anglantipake" yaiku .................

29. Wacanen kang permati!

Ana sawijining keluwarga sing urip mlarat. Amarga bapake wis tilar, si embok kudu tandang gawe dhewe kanggo bisa nguripi keluwargane.

Si embok kudu tandang gawe dhwe kanggo bisa nguripi keluwargane amarga ........

30. Papan utawa wektu dumadine kedadeyan ing sajroning crita diarani ................

31. Panah kang digunakake Dewi Srikandhi kanggo njemparing Resi Bisma yaiku .............

32. Perang Baratayuda iku perang antarane Pandhawa mungsuh ..............

33. Garwane Dewi Srikandhi yaiku .......................

34. 

Ukara ing ndhuwur migunakake sandhangan ....................

35. Doyan jajan menawa ditulis nggunakake aksara jawa yaiku .............

III. Uraian

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep lan bener!

36. Wacanen kang permati!

Pangkur

Lelana angulandara
Njajah nuswa kang kinepung jaladri
Kadya sesotya lan jamrut
...........................

Apa tegese ukara "Njajah nuswa kang kinepung jaladri" tembang ing ndhuwur?

37. Apa kang diarani geguritan?

38. Dheweke seneng mbantu wong ing lingkungan sing butuh.

Ukara ing ndhuwur gantinen naggo basa krama!

39. Mapan ana ngendi perang tandhinge Dewi Srikandhi mungsuh Resi Bisma?

40. Saiki dina Senen Paing.

Ukara ing ndhuwur tulisen nganggo aksara Jawa!

Download Soal dan Kunci Jawaban PAT/UKK Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 2

Kunci Jawaban Soal PAT Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 2 Di atas dapat dilihat pada video berikut:

*Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 5

I. Pilihan Ganda

1. C

2. C

3. A

4. D

5. D

6. A

7. C

8. C

9. D

10. B

11. A

12. B

13. B

14. B

15. C

16. A

17. D

18. D

19. A

20. C

21. B

22. D

23. A

24. B

25. A

II. Essay

26. sereng, antepan ati lan gagah mathuk medharake pitutur

27. cacahing wanda (suku kata) ing saben larik tembang.

28. Nglancarake

29. bapake wis tilar

30. latar

31. panah pasopati 

32. Kurawa

33. Raden Janaka

34. nga

35. 

III. Uraian

36. Lelungan ngubengi segara kang dikepung srengenge

37. puisi gagrak anyar kang ora kaiket paugeran tartamtu

38. Piyambakipun remen mbiyantu piyantun engkang betah.

39. Tegal Kurusetra

40. 

Demikian contoh soal latihan PAT / UKK Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 2 Kurikulum 2013 dan kunci jawaban yang dapat kami sampaikan, semoga bermanfaat.

Selalu ikuti kami di Google News pada link berikut ini

Sekodas News