Kepriye cara sesorah sing becik
Kepriye cara sesorah sing becik?
Jawaban :
a. Basa
Basa sing digunakake kudu laras/cocog karo sing diadhepi Basa ngoko digunakake menawa sing diadhepi iku bocah utawa luwih enam tinimbang sing sesorah. Basa krama digunakake menawa ngadhepi wong sing luwih tuwa utawa wong sing kudu dikurmati
b. Busana
Menawa sesorah prayogane migunakake busana sing becik lan sopan. Bab iki kajaba ngurmati sing padha mirengaken sesorah uga bisa kanggo njagani lan ngajeni awake dhewe Busana uga kalarasake karo kahanan lan tujuan
c. Swara
Wiramaning swara sing kepenak dirungokake, aja keseron utawa alon banget anggone ngucapake tetembungan sing cetha, ora groyok, ora kecepeten saengga apa kang diwedharake gampang dingerteni karepe, tramane ora lugu kaya wong maca buku.
d Solahbawa, patrap (sikap)
Solah bawane wong sesorah iku kudu manteb lan teteg madhep marang pamriksa, tangan ngapurancang, aja tumungkul/ndhingkluk lan aja ndangak